Minggu, 24 Mei 2015

materi tembang macapat kls xi



watake tembang macapat (materi kls xi)


 I.      NGRUNGOKAKE

Standar Kompetensi : 
-       Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan sastra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar : 
-       Mendengarkan tembang macapat yang disampaikan secara langsung atau rekaman
Materi Pokok :
-    Tembang Macapat
-    Teks Tembang Macapat
-    Tembung entar

A.    Tembang Macapat
Babagan kang ana gegayutan karo tembang macapat:
1.   Gendhing        :  swara lelagoning gamelan.
2.   Gamelan          :  kumpulan alat/piranti karawitan utawa alat musik Jawa.
3.   Laras               :  rasa thinthingan saka swara cendhek nganti swara dhuwur.
4.   Titi laras          :  angka pinangka gantine swara gamelan supaya bisa beda ing antara wilahan gamelan siji lan sijine.
5.   Pathet              :  ukuran cendhek dhuwure swara sajroning gendhing.
Tuladha           :  pathet 9, pathet 6, pathet manyura, pathet barang, lsp.
6.   Cengkok          :  luk-luking swara kanggo nglagokake tembang.
Tuladha           :  cengkok pangkur palaran, cengkok Asmaradana Semarangan, cengkok Durma Banyumasan, lsp.
Ing ngisor iki perangane tembang macapat lan pathokane.

No.

Tembang Macapat
Pathokan
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Gatra
1.
Dhandhanggula
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
10
2.
Sinom
a, i, a, i, i, u, a, i, a
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
9
3.
Kinanthi
u, i, a, i, a, i
8, 8, 8, 8, 8, 8
6
4.
Pangkur
a, i, u, a, u, a, i
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
7
5.
Asmaradana
i, a, e, a, a, u,  a
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
7
6.
Mijil
i, o, e, i, i, u
10, 6, 10, 10, 6, 6
6
7.
Durma
a, i, a, a, i, a, i
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
7
8.
Pocung
u, a, i, a
12, 6, 8, 12
4
9.
Maskumambang
i, a, i, a
12, 6, 8, 8
4
10.
Megatruh 
u, i, u, i, o
12, 8, 8, 8, 8
5
11.
Gambuh
u, u, i, u, o
7, 10, 12, 8, 8
5

Sekar macapat dhuweni watak dhewe-dhewe, kaya ing ngisor iki:
1.       Dhandhanggula         : ngresepake, kewes, luwes. Mathuk kanggo nggambarake rasa apa bae, pitutur, mbabar rasa susah lan uga kanggo pambuka gendhing.
2.       Sinom                        : canthas, ethes, grapyak. Prayoga kanggo aweh pitutur, sok uga kanggo gandrung.
3.       Pangkur                     : sereng, nepsu, kejem, nantang. Mathuk kanggo pepenget, uga kanggo suka pitutur/piwulang kang dhuwur.
4.       Asmaradana               : sengsem, sedhih, prihatin ing asmara. Gunane mratelakake rasa susah karana asmara.
5.       Durma                        : nesu, galak, muring, muntab. Mathuk kanggo medharake rasaning ati kang nesu/gregeden, utawa kanggo carita perang.
6.       Kinanthi                     : seneng, tresna lan asih. Mathuk kanggo ngemu rasa katresnan, uga mituturi kanthi rasa tresna.
7.       Mijil                           : wetuning rasa, mituturi. Kanggo carita kang ngemu rasa kasedhihan/pangudhar rasa prihatin, pitutur kang melas asih, utawa kanggo gandrung.
8.       Megatruh                   : trenyuh, memelas, gela kang mbangeti, getun, prihatin. Mathuk kanggo carita kang ngemu rasa susah.
9.       Gambuh                     : wani wanuh, kulina lan rumaket. Mathuk kanggo aweh pitutur utawa sesorah kanggo ngelingake tumindake manungsa/ mulang muruk.
10.   Maskumambang        : prihatin, nalangsa utawa keranta-ranta, ngeres-eresi. Mathuk kanggo nggambarake rasa susah karanta-ranta.
11.   Pocung                       : sakpenake, kendho tanpa greget, sembrana. Gunane kanggo guyonan, cangkriman, pitutur, uga mathuk kanggo crita kang sakpenake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar