watake tembang macapat (materi kls xi)
I. NGRUNGOKAKE
Standar Kompetensi :
-
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan sastra
maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar :
-
Mendengarkan tembang
macapat yang disampaikan secara langsung atau rekaman
Materi Pokok :
- Tembang Macapat
- Teks Tembang Macapat
- Tembung entar
A. Tembang Macapat
Babagan kang ana gegayutan karo tembang macapat:
1.
Gendhing : swara
lelagoning gamelan.
2. Gamelan : kumpulan alat/piranti karawitan utawa alat
musik Jawa.
3.
Laras : rasa
thinthingan saka swara cendhek nganti swara dhuwur.
4.
Titi laras : angka
pinangka gantine swara gamelan supaya bisa beda ing antara wilahan gamelan siji
lan sijine.
5.
Pathet : ukuran
cendhek dhuwure swara sajroning gendhing.
Tuladha : pathet
9, pathet 6, pathet manyura, pathet barang, lsp.
6.
Cengkok : luk-luking
swara kanggo nglagokake tembang.
Tuladha : cengkok pangkur palaran, cengkok Asmaradana
Semarangan, cengkok Durma Banyumasan, lsp.
Ing
ngisor iki perangane tembang macapat lan pathokane.
No.
|
Tembang Macapat
|
Pathokan
|
||
Guru Lagu
|
Guru Wilangan
|
Guru Gatra
|
||
1.
|
Dhandhanggula
|
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
|
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
|
10
|
2.
|
Sinom
|
a, i, a, i, i, u, a, i, a
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
|
9
|
3.
|
Kinanthi
|
u, i, a, i, a, i
|
8, 8, 8, 8, 8, 8
|
6
|
4.
|
Pangkur
|
a, i, u, a, u, a, i
|
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
|
7
|
5.
|
Asmaradana
|
i, a, e, a, a, u, a
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
|
7
|
6.
|
Mijil
|
i, o, e, i, i, u
|
10, 6, 10, 10, 6, 6
|
6
|
7.
|
Durma
|
a, i, a, a, i, a, i
|
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
|
7
|
8.
|
Pocung
|
u, a, i, a
|
12, 6, 8, 12
|
4
|
9.
|
Maskumambang
|
i, a, i, a
|
12, 6, 8, 8
|
4
|
10.
|
Megatruh
|
u, i, u, i, o
|
12, 8, 8, 8, 8
|
5
|
11.
|
Gambuh
|
u, u, i, u, o
|
7, 10, 12, 8, 8
|
5
|
Sekar macapat dhuweni watak dhewe-dhewe,
kaya ing ngisor iki:
1. Dhandhanggula : ngresepake, kewes, luwes.
Mathuk kanggo nggambarake rasa apa bae, pitutur, mbabar rasa susah lan uga kanggo pambuka gendhing.
2. Sinom : canthas, ethes, grapyak. Prayoga kanggo
aweh pitutur, sok uga kanggo gandrung.
3. Pangkur : sereng, nepsu, kejem, nantang. Mathuk kanggo pepenget, uga kanggo suka pitutur/piwulang kang dhuwur.
4. Asmaradana : sengsem, sedhih, prihatin ing asmara. Gunane
mratelakake rasa susah karana asmara.
5. Durma : nesu, galak,
muring, muntab. Mathuk kanggo
medharake rasaning ati kang nesu/gregeden, utawa kanggo carita perang.
6. Kinanthi : seneng, tresna lan asih. Mathuk
kanggo ngemu rasa katresnan, uga mituturi
kanthi rasa tresna.
7. Mijil : wetuning rasa, mituturi. Kanggo carita kang ngemu rasa kasedhihan/pangudhar rasa prihatin, pitutur kang melas
asih, utawa kanggo gandrung.
8. Megatruh : trenyuh,
memelas, gela kang mbangeti, getun, prihatin. Mathuk kanggo carita kang ngemu rasa susah.
9. Gambuh : wani
wanuh, kulina lan rumaket. Mathuk kanggo aweh pitutur utawa sesorah kanggo ngelingake tumindake manungsa/ mulang muruk.
10. Maskumambang : prihatin, nalangsa utawa keranta-ranta, ngeres-eresi. Mathuk
kanggo nggambarake rasa susah karanta-ranta.
11. Pocung : sakpenake, kendho tanpa greget, sembrana. Gunane kanggo
guyonan, cangkriman, pitutur, uga mathuk
kanggo crita kang sakpenake.