Selasa, 06 Januari 2015

 PIWULANG 1

I.       NGRUNGOKAKE

Standar Kompetensi    :  
-          Mampu  mendengarkan dan memahami wacana  lisan sastra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar :    
-          Mendengarkan ceramah tentang budaya Jawa  yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman
Materi Pokok :
-    Materi ceramah
-    Teks ceramah budaya Jawa “Owah Gingsiripun Budaya Jawi”

A.    Ceramah

Ceramah iku mujudake salah sijine wicara ana ing sangarepe wong akeh utawa umum. Ceramah uga kalebu salah sijine wangun pidhato/ sesorah. Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Ceramah kalebu sesorah babagan seserapan utawa ngelmu tertemtu. Mirengake ceramah kalebu salah sijining kaprigelan nyemak. Nyemak iki bisa nduweni sipat kang mbosenake. Luwih-luwih menawa nyemak babagan kang ora disenengi. Mula saka kuwi, juru ceramah kudu pinter-pinter nggawe cara kepriye amrih pamireng kuwi ora bosen.
Rungokna ceramah ing ngisor iki kanthi permati!

Owah Gingsiripun Budaya Jawi

Nuwun.
Dhumateng panjenenganipun para tamu undangan ingkang kula kurmati. Nyuwun pangapunten saderengipun menawi kula kumawantun matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.
Saderengipun kula matur, mangga tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang tansah paring pinten-pinten kanikmatan saha kawilujengan dhumateng panjenengan lan kula. Katitik ing kalenggahan punika, panjenengan lan kula taksih pinaringan kabagaswarasan saged sowan wonten ing pahargyan ingkang mirunggan punika.
Wonten ing enjing menika kula badhe ngaturaken babagan budaya Jawi ingkang ketingalipun sampun dipunkiwakaken dening para mudha. Mugi-mugi kanthi andharan menika, para mudha saged nampi lan salajengipun saged ngleluri budaya Jawa menika. Babagan budaya Jawa ingkang badhe dipunrembag inggih punika owah gingsiripun budaya Jawi.
Ngrembag babagan budaya boten saged oncat kaliyan jagad panggesanganipun manungsa. Awit budaya minangka woh pangolah budinipun manungsa ingkang mbabar dhumateng kasaenan lan kaendahan kanthi linambaran laku utami. Budaya minangka patrap, tumindak, solah bawa, lan unggah-ungguh sampun ambalung sumsum sesarengan kaliyan jiwanipun manungsa. Budaya boten saged ajeg nanging tansah nemahi ewah-ewahan manut dhateng jaman kelampahanipun. Samudayanipun ingkang gumelar ing jagad boten wonten ingkang langgeng, kajawi kahanan ewah gingsir punika piyambak. Ananging ewah gingsir ingkang dipunpikajengaken temtunipun ingkang saged ndamel kasaenanipun bebrayan. Budaya ingkang boten kreatif lan kirang inovatif saged nuwuhaken turun ingkang boten mangertos dhateng sangkan paraning dumadi.
Budaya saged nemahi ewah gingsir, manut jaman kalakone. Wonten ewah-ewahan ingkang sarwi cepet sinebat revolusi, sipatipun dadakan, sanalika lan samudayanipun kedah dipunewahi. Revolusi asring damel kagetipun bebrayan, awit kathah ingkang dereng saged nampi ewah-ewahan.
Wonten malih ewah-ewahan ingkang asipat alus lan tumata sinebat evolusi, sipatipun saged dipuntampi bebrayan kathah awit ngagem landhesan rancangan ingkang trep, sistematis, tumata lan terus nyambung. Evolusi badhe nuwuhaken kahanan ingkang sae lan konstruktif.
Wonten malih ingkang sinebat transformasi, inggih punika nemenaken proses kangge ngewahi budaya supados saged “trans”. Wonten tiga bab kangge ngadani punika 1) budaya minangka pepalang wontenipun transformasi, 2) budaya minangka obor urupipun transformasi lan, 3) budaya minangka kasilipun transformasi.
Kagem tuladha inggih punika kutha Solo minangka kutha budaya, kagungan jatidhiri piyambak ingkang mbentenaken kaliyan kutha-kutha sanesipun ing Nuswantara. Kepara nyata, Solo dados Kutha Pusaka Sa-ndoya. Kutha Solo sampun nglampahi dados kutha tradisional ing jaman Kraton Surakarta, kutha kolonial ing jaman Walandi., kutha modheren ing jaman Kamardikan lan kutha Internasional ing wekdal sapunika. Budaya ingkang wonten taksih lumampah, tansah dipunuri-uri lan dipunrembakakaken. Solo Past as Solo Future sampun dados karakter lan jatidhiri kutha Solo. Sapunika, pamarintah Kutha Solo anggenipun mbangun kanthi lelandhesan wewangunan eka-budaya lan migatosaken unggah-ungguh, tata susila lan tata krama. Sadaya kala wau kaajab handayani kuncaranipun Kutha Solo. Menawi saged kaleksanan tundhanipun badhe saged ngewahi jiwa, patrap lan tumindhak brayat ageng Kutha Solo.
Pramila kanthi kasunyatan ingkang kados mekaten, kita kedah kiyat njejegaken budaya Jawi ingkang adi luhung, awit sedaya kala wau dados titipan kangge putra wayah kita sedaya.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kathah kekiranganipun anggen kula matur nyuwun sih samudra pangaksami.
Nuwun.

UJI KOMPETENSI  
a.      Gawea cathetan lan ringkesan-ringkesan ceramah ing ndhuwur. Garapen ana ing papan ngisor iki!

Ringkesan Ceramah

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

b.      Miturut ceramah kasebut ing ndhuwur, kepiye panemumu tumrap surasane ceramah kasebut? Jlentrehna!
…………………………………………………………………………………………………………...…………………………………………………………………………………………………………...…………………………………………………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………………...…………………………………………………………………………………………………

c.       Njlentrehna (kanthi lesan) ringkesan ceramah ing nduwur! Kanggo siswa liyane aweh tanggapan marang kancane kang gawe ringkesan! Tanggapan isa awujud panyengkuyung utawa panyaruwe. Banjur wenehana biji marang ringkesane kancamu!

Tanggapan
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
Biji : …………..

  1. Parikan
Parikan yaiku unen-unen mawa purwakanthi swara, kang kedadean rong ukara lan bisa uga kedadean saka patang ukara. Yen parikan mau kedadean saka rong ukara, ukara kang kapisan pinangka pambuka (sampiran), dene ukara kapindho minangka isi (karep). Nanging yen parikan mau kedadean saka patang ukara, ukara kapisan lan kapindho minangka pambuka (sampiran), dene ukara katelu lan kapapat minangka isi utama karep.
Tuladha :
a.       Parikan mawa paugeran (4 . 4) x 2
1.      Abang-abang ora legi
Tuwas magang ora dadi
2.      Nglabur tembok ting celoneh
Jare kapok bali maneh
3.      Mripat ngantuk diturokna
Yen wis gathuk ditakokna
b.      Parikan mawa paugeran (4 . 8) x 2
1.      Rujak nanas pantese wadhahi gelas
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
2.      Iwak welut pilihane cedhak buntut
Prengat-prengut paduke njaluk diturut
3.      Wedang srebat pacitane wingka babat
Aja pegat ikhtiar undhaking drajat
c.       Parikan mawa paugeran (8 . 8) x 2
1.      Wis suwe ora jamu
Jamu pisan godhong tela
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan gawe gela
2.      Wis suwe ora jamu
Jamu isan godhong blimbing
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan gulung koming
      UJI KOMPETENSI  
a.      Ukara ing ngisor iki genepana supaya dadi parikan!
1.      Tuku sapi neng Sumenep
……………………………
2.      Numpak becak mudhun Maja
……………………………
3.      Tuku jeruk milih saka Majalungu
Yen wis mathuk…………………
4.      Sega pera dilawuhi jangan kara
Kudu bisa……………………..
5.      Nangka jambu jeruk nanas
……………………………
6.      Jare siji jebul telu
……………………………
7.      Manuk emprit nuthul yuyu
……………………………
8.      Ngingu patin aneng latar
……………………………
9.      Esuk-esuk mangan bubur, dilawuhi jangan kara
Yen uripmu dadi makmur,…………………….
10.  Iwak lele rada buthuk, enake digoreng lenga.
Kowe dhewe yen wis mathuk,………………

b.      Gawea parikan 5 (lima) wae, saliyane tuladha ing dhuwur.
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………


II.    WICARA

Standar Kompetensi    :  
-          Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan  unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar :    
-          Berdialog  dalam forum sarasehan tentang budaya Jawa
Materi Pokok :
-    Materi Sarasehan
-    Tembung nunggal misah (Dasanama)

A.    Sarasehan
Sarasehan utawa seminar yaiku patemonan kanggo ngrembug sawijining prakara kang dipandhegani dening para ahli (guru besar, pakar, lsp) wujude rembugan kang lumrahe diadani kanggo ngrembug prakara sinambi ngudarasa apa kang dadi uneg-uneg ing batin. Dadi tujuwane kaanakake sarasehan yaiku kanggo nggayuh larasing panemu.
Asil pemikiran/asil penelitian sing arep diwedharake para pembicara utawa penyanggah utama ana sajroning seminar luwih becik yen tinulis ana sajroning kertas kerja/makalah. Menawa yen gunggunge pembicara luwih saka siji, bisa dianakake pembagian kelompok sing wis ditemtokake karo panitia jumbuh kalawan makalah sing arep dibahas.
Menawa melu sarasehan becike aktif takon lan aktif menehi tanggepan tumrap informasi sing gegandhengan karo tema utawa judhule. Ana babagan sing kudu digatekake menawa melu seminar, yaiku:
1.      Ketrampilan ngetrapake basa supaya pamireng bisa ngerteni
2.      Mangerteni informasi kang dipraktekake nara sumber
3.      Menehi informasi kang diandharake nara sumber
4.      Aja nglalekake tata krama basa, unggah-ungguh lan subasita
Mula yen ana forum sarasehan  utawa dhiskusi, luwih becik nggunakake basa kang baku, yaiku basa Jawa kang lumrah lan umum.
Paraga/Petugas ing sarasehan
1.      Panglaras/ pangarsa pirembugan                     : moderator
2.      Panulis                                                 : notulen
3.      Panitera/ pawicara/ pangandhar materi           : pembicara
4.      Para kadang pasarta/ Anggota
Tugas-tugase
1.      Panglaras             :  sing mandhegani sajroning seminar, ngadani wiwitan tekan purna
2.      Panulis                 :  sing nyatheti lakuning seminar, kalebu sapa sing takon , apa sing ditakokake,    sing nanggepi lan sing ditanggepi
3.      Pawicara              :  sing maca tulisan / makalah kanggo pembahasan
4.      Anggota               :  sing mbiyantu kabeh kalakone seminar nganti pungkasan amrihe bisa  kelakon kanthi sukses lan lancar

Kanggo tuladha tema sarasehan, coba wacanen andharan ing ngisor iki!

 

Wong Jawa Ilang Jawane


Disebutake ing ramalan Jayabaya sing kaloka: Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange lan wong Jawa ilang jawane. Pak Suryo Warsito ngandharake yen wong Jawa ilang jawane iku sabenere wis wiwit 371 taun kepungkur, yaiku nalika Sultan Agung ndhawuhake (dekrit ratu ?) owah-owahan taun Jawa sing asale manut petungan Syamsiah (taun Saka) diganti petungan Kamariah (taun Jawa) wiwit tanggal 8 Juli 1633 M utawa tanggal 17 Kasa 1555 Saka. Wiwit dina iku wong Jawa dipeksa ninggalake taun Jawa sing asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah. Tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka. Mesthi wae saben taune umure luwih cendhak, saengga nganti seprene wis kacek 11 taun karo taun Saka.
Nalika taun 1926, wis dianakake owah-owahan ing paugeran nulis aksara Jawa, diarani wewaton Sri Wedari: dianakake aksara rekan lan taling tarung palsu. Owah-owahan iki bisa ditampa tanpa masalah dening wong Jawa. Rong taun sawise iku, tanggal 28 Oktober 1928, kanthi anane Sumpah Pemuda, menjunjung bahasa persatuan, Bahasa Indonesia. Wektu semana ana pilihan loro sing bisa dadi bahasa persatuan, yaiku: siji, basa Jawa merga akeh dhewe penuture lan sijine basa Melayu sing wis ngembrah dienggo komunikasi wong sa Nuswantara. Kanthi kepilihe basa Melayu dadi basa Indonesia, rasane pancen pas banget. Kabeh basa Daerah ora ana sing rumangsa menang, kabeh rumangsa kalah. Kita ngrumangsani, pilihan mau pancen pas! Negara kita duwe basa persatuan sing ditampa kanthi aklamasi, tanpa protes. Yen negara Iiya kaya India upamane, basa nasional isih bermasalah, basa kita wis sukses megar tanpa alangan.
Wong Jawa sing kaloka gedhe toleransine, gelem ngalah lan kalah. Basa Jawa ora dadi basa nasional, ora papa. Mung wae nyatane tanggal 28 Oktober 1928 dadi pathokan (tonggak) sejarah wong Jawa ilang jawane sing kaping pindhone. Mung sajroning wektu kira-kira 76 taun, basa Jawa kocar-kacir, yen ora arep diarani ajur nganti meh-meh mati. Kanggo generasi penerus basa Jawa wis dudu basa Ibu. Mbaka sithik bocah-bocah wis padha ora bisa basa krama sing becik. Kalebu ing kutha Ngayogyakarta lan Surakarta, akeh bocah yen ditakoni dening wong tuwa nganggo basa Jawa, anggone njawab milih nganggo basa Indonesia, jalaran ora bisa krama. Gandhengane wis cetha, tulisan Jawa saya ora dikenal, disingkur. Tulisan Jawa wis mati tenan! Wong Jawa wis ilang jawane tenan!
Isih ana gandhengan sing ora kurang wigatine yaiku babagan budi pekerti. Ana unen-unen, “bahasa menunjukkan bangsa”. Yen sinau basa Jawa, wis mesthi budi pekerti kejawen uga melu disinau, awit ing wulangan basa Jawa uga katut diwulangake unggah ungguh lan tata krama. Kanthi mengkono, wong sing basa Jawane isih ganep, saora-orane piwulang budi pekerti becik isih melu dingerteni. Isih perlu
Mbaleni tulisan Jawa gagrag anyar, sabenere perlu apa ora? Penulis duwe panemu yen bab iki isih tetep perlu. Sanajan tulisan Jawa minangka basa tulisan saiki wis mati, nanging kita wajib setiyar, wajib nindakake iradat. Jalaran kodrat saka Kang Maha Kuwasa lagi bisa kita weruhi yen kahanan wis kedadeyan. Kita durung ngerti apa sing bakal kelakon. Sapa ngerti ana olak-aliking jaman. Saora-orane tulisan Jawa gagrag anyar minangka usaha pelestarian sabisa bisane, sinambi ndedonga marang Pangeran muga-muga tulisan Jawa bisa ngrembaka maneh.

(Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat)
UJI KOMPETENSI  
a.      Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.      Apa tegese sarasehan utawa seminar iku?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
2.      Apa tugase moderator utawa panglaras ana ing sarasehan iku?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
3.      Apa tugase notulen ana ing sarasehan iku?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
4.      Apa bae sing kudu digatekake menawa melu sarasehan?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
5.      Apa ramalane Jayabaya sing kondhang kaloka?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
6.      Apa tegese “pasar ilang kumandhange”? Jlentrehna!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
7.      Miturut Pak Suryo warsito, wiwit kapan yen wong Jawa iku ilang Jawane? Ana kedadeyan apa?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
8.      Rikala tanggal 28 Oktober 1928, kanthi anane Sumpah Pemuda wis diputusne yen sing didadekne basa nasional dudu basa Jawa nanging basa melayu, apa alesane?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
9.      Apa sing mretandhani yen wong Jawa kuwi gedhe toleransine?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
10.  Apa buktine yen jaman saiki wong Jawa wis ilang Jawane?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………

b.      Sawise nggatekake andharan saka wacan ing dhuwur, banjur nindakna dhebat kaya neng sarasehan tenanan!
1.      Kanthi dhawuh saka Bapak/Ibu Guru, ana sing didadekake panglaras (moderator), panulis (notulen) lan pamicara (pembicara).
2.      Kanthi tema wong Jawa ilang jawane coba dhebatna apa sing kudu dilakoni generasi mudha ngenani kahanan kang kaya mangkono iku!
3.      Sadurunge dhebat pamicara maca andharan ing dhuwur mau luwih dhisik supaya pasarta sing melu sarasehan tambah mudheng.
4.      Yen ana kanca-kancamu sing aweh pitakon, panyaruwe, apadene kritik wangsulana kanthi lelandhesan kang gumathok.
5.      Takon lan mangsuli migunakake unggah-ungguh basa Jawa kang trep.

c.       Sawise rampung gawea dudutan (kesimpulan) minangka asile sarasehan! Garapen ing papan ngisor iki!

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

B.     Tembung Nunggal Misah  ( Tembung Dasanama)
Ana ing pirembugan, kalamangsane migunakake tembung sing beda pocapane, nanging teges lan karepe padha. Dadi tembung nunggal misah yaiku tembung sing tulisane beda, pakecapane beda, nanging teges lan karepe padha.
Tuladha :
a.       Prapteng wisma si Pocung mutah guwaya. Wisma iku bisa ditembungake liya sing padha karepe yaiku omah.
b.      Malah sok ana tembung akeh, nanging tegese padha, utawa jeneng kang pirang-pirang kang mengku karep utawa tegese padha. Ya tembung kang kaya mangkono iku sing diarani dasanama. Upamane tembung : prabata, ancala, bukita, giri, arga, wukir, meru, ardi iku tegese gunung.

UJI KOMPETENSI  
a.      Tembung kang kacethak miring ing ukara ngisor iki golekana tembung nunggal misahe ing tengene!
1.      Narendra ing praja Dwarawati Prabu Kresna.                                         a. ula
2.      Punika wonten nawala panantang saking Majapahit.                               b. negara
3.      Kalis ing rubeda nir ing sambekala.                                                          c. lair
4.      Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879.                                 d. layang
5.      Kalawau wonten sawer ageng sanget, Pakdhe!                                       e. ilang
6.      Gelung rusak wor lan kisma kang iga-iga kaeksi.                                     f. buta
7.      Sang Senopati nitih kuda awarni cemeng.                                                g. wong
8.      Tiyang sauruting margi sami gumun dhateng baguse Janaka.                  h. jaran
9.      Sato mara sato mati, jalma mara hangemasi.                                            i. dalan
10.  Wonten yaksa kalih ingkang mbidhung lampahe Bratasena.                    j. lemah

b.      Golekana dasanamane tembung-tembung ing ngisor iki!
1.      Kali           : ……………………………………………………………………………………..
2.      Ati             : ……………………………………………………………………………………..
3.      Lara           : ……………………………………………………………………………………..
4.      Seneng      : ……………………………………………………………………………………..
5.      Weruh       : ……………………………………………………………………………………..
6.      Geni          : ……………………………………………………………………………………..
7.      Anak         : ……………………………………………………………………………………..
8.      Mata          : ……………………………………………………………………………………..
9.      Slamet       : ……………………………………………………………………………………..
10.  Kembang   : ……………………………………………………………………………………..

III. MACA

Standar Kompetensi    :  
-       Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca
Kompetensi Dasar :    
-       Membaca pemahaman
Materi Pokok :
-    Teks bacaan “Nandur Jeneng Panen Jenang”
-    Paribasan, Bebasan, Saloka

A.    Wacanen wacan ing ngisor iki! Setitekna surasane wacan, supaya bisa paham lan bisa mangsuli pitakon ing ngisore!

Nandur Jeneng Panen Jenang

Wewarahe wong Jawa, goleka jeneng dhisik, mengko jenang bakal teka dhewe. Sanajan ukarane sepele, nanging ngemot makna sing jero banget. Tumrape wong Jawa, babagan jeneng kalawan jenang ana sesambungane. Nanging becike pancen jeneng kudu didhisikake utawa diutamakake tinimbang jenang. Lire, manawa wong wus duweni jeneng kang apik lan dipercaya, jenang bakal ngetutake lakune, akeh rejeki kang bakal teka marang dheweke. Ukara liya, manawa wus duwe jeneng, anggone golek sandhang pangan bisa luwih gampang tinimbang wong liya sing durung duwe jeneng apik lan dipercaya. Bab iku bisa diarani wong kang nandur jeneng apik bakale panen jenang.
Jeneng ing kene pancen ora ateges jeneng kang wantah sesebutane wong. Nanging jeneng sing ateges kaluwihan utawa prestasi utawa jeneng apik ing urip bebrayan. Bab iku bisa gegayutan karo papan gawean, kawegigan utawa kapinteran lan liya-liyane.
”Golek jeneng apik kuwi ora gampang. Kabeh diwiwiti saka nol, saka ngisor, mlaku sethithik-sethithik banjur bisa menangi sukses. Nalika wong dianggep kasil ing uripe, jenenge bakal kaangkat, martabate kaangkat. Bab iku njalari nasibe uga kaangkat luwih kapenak tinimbang wong lumrahe,” pratelane pamerti budaya Jawa, KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo utawa Ki Djoko. Kanggo gawe jeneng apik, ora gampang. Kaya ing bisnis utawa gawean, ora ana sing nemu jeneng apik kanthi cara dadakan instan. Kabeh mesthi liwat proses dawa lan upaya saka wonge dhewe-dhewe. Lumrahe, wong sing bisa mbuktekake kaluwihane bakal cepet dikenal wong akeh. Nanging becike, nalika golek jeneng kuwi uga liwat cara-cara kang becik supaya asile ya melu becik kanggo dheweke utawa kanggo wong liya. Awit menawa golek amrih dikenal dening wong akeh nanging migunakake cara kang ora becik, tembe uga bakal cabar.
Nandur jeneng apik uga bisa ditindakake ing panggung politik. Malah sansaya cetha nalika nyedhaki momentum pamilihan kepala dhaerah (Pilkada). Kaya ing dhaerah-dhaerah, sing ameh ngadani Pilkada, kayata kutha Solo, Kabupaten Wonogiri, Klaten, Sukoharjo lan Boyolali. Sanajan durung resmi diadani, nanging wus akeh wong utawa tokoh dhaerah sing ngupaya nuduhake blegere marang warga bebrayan ing dhaerah kono. Bisa liwat cara masang gambare ing papan panggonan kang strategis, pinggir dalan gedhe, prapatan rame, utawa liwat acara-acara sosial lan liya-liyane. Kabeh kuwi mau pangajabe amung siji. Jenenge bisa luwih cepet kondhang. Warga uga luwih cepet srawung, wusanane bisa njalari anane tambahan jurungan lan tambahan swara nalika tiba wanci coblosan mbesuke. Sukur-sukur bisa menang ing Pilkada. ”Sangune wong sing ameh maju nyalon dadi pangarsa dhaerah, ana loro. Pisanan materi, kaping pindho yakuwi kesan marang warga bebrayan. Panyawangku, kesan kuwi luwih duweni daya kang ngedab-edabi tinimbang materi,” jarene Winarso Kalinggo, budayawan kondhang ing kutha Solo.
Dijlentrehake dening Kalinggo, kesan kuwi bisa awujud jeneng, kaya sing dirembug ing dhuwur mau. Iki ya dadi wejangan kanggo sakabehe wong, manawa bisa menehi kesan sing apik utawa jeneng sing apik, aja coba-coba maju nyalon walikota, bupati, gubernur utawa presiden. Swara warga ”Jeneng kuwi luwih utama tinimbang kekuwatan materi. Bisa wae, wong sing sangune pas-pasan nanging jenenge apik, menang Pilkada. Bisa ngalahake wong sing sangu materi-ne kuwat,” pratelane piyambake. Kasunyatane, warga bebrayan dhewe ora bodho. Saiki wus pinter anggone milih, ora gampang dituku nganggo sarana dhuwit utawa materi. Kaya filosofi jenang bakal nekani jeneng. Saliyane jenang bisa ngemu teges materi, bandha, kehartaan, bisa uga ukara jenang ing Pilkada ateges jurungan suwara saka warga.
Wus lumrah, partai politik (Parpol) nggoleki wong utawa tokoh-tokoh sing wus duwe jeneng. Mula ora maido manawa saiki akeh wong sing nyoba nggeret kesan saka warga bebrayan lan nyoba nuduhake jeneng apike, nalika nyedhaki Pilkada. Kabeh mau bali maneh ing ngarep, yakuwi goleka jeneng dhisik, mengko jenang bakal teka dhewe.
Emane, ing wayah-wayah Pilkada mesthi uga ana laku-laku ala saka saperangan pehak sing pengin gawe panase politik, banjur ngrusak jenenge calon siji lan sijine, black campaign, pangajabe njlomprongake utawa nibakake jeneng apike calon siji lan sijine. Mula iku, warga bebrayan kudu tanggap waskitha marang kahanan kaya mangkono. Ora kena kepangan hawa, banjur melu gawe bubrahe tatanan nagara. Dununge pesta demokrasi kuwi minangka sarana kanggo milih pangarsa sing bisa tinuladha, becik laku utama, ngayomi warga, bisa mbangun karya, lan asile becik kanggo sakabehe warga. 

Kapethik saka SOLOPOS : Kamis, 04 Februari 2010

UJI KOMPETENSI  
a.      Adhedhasar cepete pamacamu lan pemahamanmu tumrap wacan ing ndhuwur, tutupen wacan kuwi banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.      Wewarahe wong Jawa, goleka jeneng dhisik, mengko jenang bakal teka dhewe. Apa karepe?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
2.      Apa kang dikarepake jeneng iku? Jlentrehna!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
3.      Kepiye pratelane, KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo utawa Ki Djoko babagan golek jeneng iku?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
4.      Kanggo gawe jeneng apik, ora gampang. Kepiye carane jlentrehna?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
5.      Nandur jeneng apik uga bisa ditindakake ing panggung politik. Kepiye tuladhane?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
6.      Kepiye sangune wong sing bakal maju nyalon dadi pangarsa dhaerah?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
7.      Kepiye panemu kang dijlentrehake dening Kalinggo babagan jeneng kuwi?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
8.      Kepiye makna filosofise jenang ing panggung politik?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
9.      Apa kang dadi wos surasane paragraf 5? Jlentrehna!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….
10.  Apa kang dadi wos surasane paragraf pungkasan? Jlentrehna!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….

 

  1. Tulisen wos surasane wacan ing ndhuwur banjur gawea dudutan (kesimpulan)! Tulisen ing papan ngisor iki!
Wos surasane wacan:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Dudutan:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


B.     Paribasan, bebasan, saloka
1.      Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan), nanging ora ngemu surasa pepindhan. Paribasan mono satemene uga kalebu tembung entar, jalaran paribasan iku uga ora kena ditegesi salugune bae. Surasane ora mung salugune, ora wantah.
Bedane mangkene :
Yen paribasan unen-unen ajeg, dene yen entar bisa disalini nganggo tembung liya.
Upamane mengkene :
Paribasan “Yitna yuwana lena kena”, siji-sijine tembung ora kena diganti nganggo tembung liya, sanadyan tegese padha. Upamane tembung yitna diganti nganggo tembung weweka, utawa ngati-ngati, yuwana diganti nganggo tembung basuki. Mangka tegese tembung iku padha. Nanging yen tembung entar ora mengkono, upamane tembung “gedhe endhase” bisa bae salah sijine diganti nganggo tembung liya upamane “endhase” diganti nganggo “tekade”, dadi gedhe tekade.
Tuladha :
a.       Kebat kliwat gancang pincang = yen anggone nindakake sarwa kesusu, adhakane ora kebeneran utawa ora maremake.
b.      Kalah cacak menang cacak = samubarang apa bae bisa nindakake lan orane pranyata sawise dicoba, mula aja kesusu kandha ora bisa.
c.       Ana gula ana semut = wong yen sugih, akeh kang nyedhaki utawa ngaku-aku sadulure.
d.      Njajah desa milang kori =wong lunga tekan ngendi-ngendi.
e.       Ana catur mungkur = ora gelem ngrungokake utawa melu-melu nyatur alane liyan kang njalari dadi regejegan.
f.       Ana dhaulate ora ana begjane = ana ungup-ungupe bakal oleh kabegjan, nanging kabegjan mau ora sida tumiba.

UJI KOMPETENSI  
Unen-unen ing ngisor iki golekana paribasane kanthi milih ing ngisor iki !
1.      Saking lomane nganthi awake dhewe nandhang kacingkrangan.
2.      Wanita kang sugih umuk, nanging bodho.
3.      Wong lelungan sarana nunut-nunut.
4.      Nacad nanging panacade mau amarga duwe melik.
5.      Melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.
6.      Tuna sethithik ora dadi apa, anggere bisa imbuh sedulur.
7.      Sing sapa ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.
8.      Padudon bab lemah utawa wanita sok nganti dilabuhi pati.
9.      Tetulung nanging gawe rekasane sing ditulungi.
10.  Sing diaku sedulur mung sing sugih bae.
a.       Numpal keli                       f. Kenes ora ethes
b.      Dahwen pati open             g. Yitna yuwana, lena kena
c.       Blaba wuda                       h. Sedumuk bathuk sanyari bumi
d.      Tulung menthung              i. Keplok ora tombok
e.       Kadang konang                 j. Tuna sathak bathi sanak

 







2.      Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing dipindhahake kaanane utawa sesipate wong utawa barang. Wonge utawa barange uga katut ana sajroning pepindhan iku, nanging kang luwih diwigatekake kaanane.
Bebasan mono uga kaya dene paribasan, klebu tembung entar, lire uga ora kena ditegesi sarana wantah. Upamane mangkene: Kerot tanpa untu. Kerot pepindhane: sedya, niyat, kekarepan, panjangka. Ora duwe untu, pepindhane: ora duwe wragad, ora duwe sarana. Sarehne luwih ditengenake kaanane, tembung sing isi pepindhane kaanan utawa tindak-tanduke wong iku disebutake ana ing ngarep. Dadi, kerot tanpa untu iku tegese duwe panjangka utawa gegayuhan dhuwur nanging ora duwe wragad.
Tuladha liyane:
a.                                                                                                                                     Mburu uceng kelangan dheleg          = ngoyak barang sepele malah kelangan barang kang luwih aji.
b.                                                                                                                                    Ngubak-ubak banyu bening              = gawe rerusuh ana papan kang wis tentrem.
c.                                                                                                                                     Nglungguhi klasa gumelar                 = kari nemu kepenake kabeh-kabeh wis sarwa ana.
d.                                                                                                                                    Nabok nyilih tangan                          = namakake panggawe ala sarana kongkonan wong liya.
e.                                                                                                                                     Diwenehi ati ngrogoh rempela          = diwenehi kalonggaran isih kurang njaluk longgar meneh.

UJI KOMPETENSI  
a.      Unen-unen kang wujud bebasan ing ngisor iki golekana tegese kang ana ing tengene!
1.   Emban cindhe emban ciladan                           a. Ngremehake prakara
2.   Madu balung tanpa isi                                      b. Wong sing ora bisa nyimpen wadi
3.   Dicuthat kaya cacing                                        c. Padudon barang kang sepele
4.   Ngempukake watu item                                   d. Mbedak-mbedakake siji lan lan sijine
5.   Nggenthong umos                                            e. Ditundhung kanthi daksiya
6.   Ngaub awar-awar                                             f. Disenengi dening wong akeh
7.   Ora ganja ora unus                                            g. Nyelet kesaguhan (njabel janjine) dhewe
8.   Gumembrang ora adang                                   h. Ngawula marang wong mlarat
9.   Idu didilat maneh                                             i. Kelangan nganti entek-entekan
10.  Katon cepaka sawakul                                                j. Rupane ala, atine semono uga ala
b.      Sawise kotegesake bebasan ing dhuwur mau gawenen ukara ana ing papan ngisor iki!
1.      …………………………………………………………………………………………………
2.      …………………………………………………………………………………………………
3.      …………………………………………………………………………………………………
4.      …………………………………………………………………………………………………
5.      …………………………………………………………………………………………………
6.      …………………………………………………………………………………………………
7.      …………………………………………………………………………………………………
8.      …………………………………………………………………………………………………
9.      …………………………………………………………………………………………………
10.  …………………………………………………………………………………………………
3.      Saloka
Saloka iku kalebu ewoning tembung entar. Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, nanging sing dipindhakake wonge. Sing luwih digatekake wonge dudu kaanane kaya dene bebasan. Lan adhakane nganggo tetembungan kewan utawa wit-witan.
Upamane :
“kebo bule mati setra”
Tembung kebo, ing unen-unen iku isi pepindhane wong. Bule, pepindhane pinter. Mati, pepindhane ngemu cilaka, dene Setra, pepindhane papan kang ora nyenengake. Dadi, kebo bule mati setra iku tegese wong gedhe / pinter matine ora kopen.
Tuladha liyane :
a.       Asu gedhe menang kerahe tegese wong kuwasa, yen prakaran karo wong cilik, sanadyan sing bener wong cilik, lumrahe sing menang wong sing gedhe.
b.      Sona belang mati arebut mangsa tegese wong mati sampyuh, jalaran rebutan sawijining barang.
c.       Kebo ilang tombok kandhang tegese barang sing wis ilang digoleki bisa ketemu, nanging ngetokake wragad akeh sing kanggo nggoleki barang sing ilang.
d.      Ketepang ngrangsang gunung tegese wong sekeng darbe panjangka gedhe.
e.       Bebek mungsuh mliwis tegese wong pinter mungsuh karo wong pinter, nanging sing siji kalah ubed, kalah kulina, lan kalah trampil.

UJI KOMPETENSI  
a.      Unen-unen ing ngisor iki golekana salokane kanthi milih ing tengene !
1.      Wong kang njarag marang bebaya                              a. Belo melu seton
2.      Wong asor nanging sugih kaluwihan                          b. Kebo nusu gudel
3.      Melu ing grubyug, ora weruh ing rembug                   c. Kutuk marani sunduk
4.      Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom           d. Timun mungsuh duren
5.      Wong ringkih mungsuh wong sentosa                        e. Bathok bolu isi madu

b.      Saloka ing ngisor iki terangna tegese !
1.      Kebo mulih ing kandhange.    Tegese : ………………………………………………………
2.      Tekak mati ulone.                    Tegese : ………………………………………………………
3.      Lahang karoban manis.           Tegese : ………………………………………………………
4.      Cangkir ketindhihan kiring.    Tegese : ………………………………………………………
5.      Kebo kabotan sungu.              Tegese : ………………………………………………………

IV. NULIS

Standar Kompetensi : 
-          Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra menggunakan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa
Kompetensi Dasar : 
-          Menulis wacana argumentasi tentang budaya Jawa
Materi Pokok :
-    Materi menulis wacana argumentasi
-    Teks wacana argumentasi “Dadi Tamu sing Nyenengake”

A.    Nulis Wacana Argumentasi
Argumentasi kedadeyan saka paragraf kang isine nduweni ancas mbujuk lan ngrayu pamaos supaya nampa gagasan utawa wedharan kang ditulis/digagas dening panulis, kanthi tetimbangan logis utawa emosional. Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong. Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan manut tumindak jumbuh karo apa kang dikarepake.
Titikane wacana argumentasi
1.    Ngupaya gawe pamaca percaya
2.    Basane gampang dingerteni
3.    Mbuktekake panemu

Cak-cakane nulis wacana argumentasi:
1.   Milih topik/ bakune rembug
2.   Nemtokake tujuwan
3.   Nyusun cengkorongan/ kerangka
4.   Ngembangake cengkorongan
5.   Nemtokake irah-irahan/judul

Sajrone komunikasi antarane anggota masyarakat, argumentasi dadi sawijining cara kang penting banget, embuh tumrap saben wong apa dene tumrap sakabehe anggota-anggota masyarakat, minangka piranti ijol-ijolane informasi kang ora bisa diwengku dening panemu-panemu kang subjektif. Kanthi menehake fakta-fakta minangka evedensi mula sapa wae kang nampa informasi rumangsa yakin yen apa kang dijlentrehake pantes ditampa minangka samubarang kang bener.
Upama sawijine wong gawe argumentasi ngadhepi samubarang prakara kang serius lan kang bisa nuwuhake prakara kang gedhe, mula dheweke kudu nduwe sikep kang mesthi kanggo njlentrehake samubarang prakara iku kanthi intelektual, lan ora mung mana suka utawa kanthi emosional. Bab kasebut bisa ditindakake kanthi nuduhake samubarang bahan awujud fakta-fakta, kedadeyan-kedadeyan, asil-asil observasi, dokumen-dokumen kang penting, statistik, asil survei, studi kelayakan, lan sapanunggalane.
Dheweke uga mbudi daya kanggo nylidhiki :
-       apa kang nuwuhake prakara kuwi,
-       apa ana tujuwan kang ora katon,
-       apa tujuwan kang nyata saka prakara kuwi,
-       apa ana bathine utawa rugine kanggo nggayuh tujuwan kuwi,
-       tujuwan endi kang kirane nekakake manfaat kang gedhe,
-       lan kepiye cara mbudi dayane.
Saka prinsipe argumentasi iku kudu kaperang saka :
(a)   Pendahuluan
Sajrone pendahuluan dijlentrehake prakara kasebut dirembug ing wektu iki, upama prelu dheweke uga kudu nerangake latar belakang sejarah kang ana hubungane langsung karo prakara kang bakal dirembug. Sajrone pendahuluan iki sok-sok penulis ngakoni anane prakara-prakara kang ora dilebokake sajrone argumentasi amarga sawijining alesan tinamtu.
(b)   Pembuktian
Sakabehe proses panggawene argumentasi gumantung marang kapinterane kang gawe kanggo nggoleki kebenerane anggone nyusun fakta-fakta, mula bisa nggawe kesimpulan kang uga bener. Kanggo karep kasebut, panggawe argumen bisa nggunakake perbandingan, analogi (persamaan), definisi, crita-crita kang ilustratif, lan sapanunggalane.
(c)    Kesimpulan utawa ringkesan
Sawenehe wujud kang dijlentrehake dening topik sajrone panggawene argumentasi, panggawe kudu njaga supaya kesimpulan kang digawe jumbuh karo tujuwan, lan mbiyantu ngengetake pamirsa/pamaca babagan apa kang wis dumadi lan ngapa konklusi kang dijlentrehake bisa ditampa kanthi logis.
B.     Setitekna tuladhane wacana argumentasi ing ngisor iki!

Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan.
Merga anane pakurmatan mau mula wong sing maradhayoh kudu ngerti (tahu diri), dadiya tamu sing becik. Aja sakepenake dhewe, aja gawe gelane sing ditamoni, lan bisaa nyenengake sing duwe omah. Apa wae sing perlu digatekake yen maradhayoh?
Angka siji yaiku angon wayah, ngerti wektu. Maradhayoh ora kena sakarepe dhewe, kudu ngerti wayah sing trep kanggo mertamu. Aja mertamu wayahe wong ngaso lan turu, kira-kira jam  loro nganti jam papat sore. Aja mertamu wancine wong mangan, embuh wancine sarapan, mangan awan, utawa mangan bengi. Sanajan panjenengan dudu wong muslim, nanging yen maradhayoh wancine wong nindakake ibadah prayogane enggal pamitan mulih. Upamane wancine shalat magrib sing wektune mung sethithik, menawa krungu azan magrib kudu enggal pamitan. Jroning sasi Ramadhan yen mertamu sore saperlune wae, awit wayah sore wancine wong repot nyiapake buka. Aja nganti krungu azan magrib lagi gupuh pamitan.
Mertamu sacukupe wae aja kesuwen, mundhak sing ditamoni jeleh lan kesel nemoni. Rembugan aja nglantur. Sing bisa momong pangrasane sing duwe omah. Yen sajake ora seneng dijak ngrembug sawenehing bab, becike aja diterusake. Yen ana perlu wigati aja kesuwen, enggal dikandhakake apa wigatine anggone mertamu.
Mertamu aja kliwat saka sak jam. Kajaba yen wis lawas ora ketemu upamane tilas mitra raket nalika isih sekolah, kanca nyambutgawe ana kutha liya, lan sapanunggalane. Iku wae iya kudu ndeleng kahanane sing ditamoni, seneng apa ora ditekani. Prayogane nalika mertamu nganggo arloji, supaya ngerti wanci. Sebab durung mesthi saben ruang tamu ana jame.
Kepriye yen sing duwe omah sing nggandhuli? Upamane merga wis suwe ora ketemu, durung mari kangene, angger  arep pamitan mulih digandhuli. Panjaluke sing duwe omah kena dituruti nanging saperlune. Yen dirasa keperluane wis cukup lan anggone mertamu wis rada suwe, prayogane tetep nyuwun pamit nanging janji yen arep dolan maneh ing liya wektu.
Angka lorone trapsila. Sanajan maradhayoh kuwi ora resmi, nanging perlu migatekake tata susila. Klambi sing sopan, apa maneh yen merdhayoh menyang omahe wong sing luwih tuwa. Yen disuguhi aja kesusu diombe apa dipangan sadurunge dimanggakake sing duwe omah. Menawa suguhane wedang diwadhahi cangkir lan lepek, anggone njupuk salepeke, aja mung cangkire wae. Sanajan wedange enak, nasthelgi, aja dientekake nganti gusis nanging dingengehake sethithik wae ing dhasare cangkir. Yen disuguhi jajan, panganan, anggone njupuk saperlune sanajan jajane enak tur weteng lagi luwe.
Kepriye yen diajak mangan? Ana kalane maradhayoh disuguhi mangan sanajan ora wancine mangan. Mbokmenawa sing duwe omah lagi masak-masak enak apa lagi slametan ulang tahun anake. Suguhan mau aja ditampik, mundhak gawe gelane sing duwe omah. Yen suguhan mau wis diracik ing piring, kudu dientekake aja nyisa.
Menawa dijak mangan ing ruang makan anggone imbuh ngenteni dimanggakake lan njupuk sacukupe wae. Rampung dhahar sendhok lan garpu dikurebake ing piring lan dhaharan ing piring kudu gusis kajaba balung lan eri. Aja watuk sajrone dhahar lan aja glegeken sawise rampung. Menawa kudu watuk utawa glegeken diempet dhisik nganti ninggalake ruang makan. 
Angka telune aja padu. Yen ana wong maradhayoh sing perlune nagih utang, nagih janji, utawa marani barang sing disilih. Sok-sok sing duwe omah gawe anyel, upamane durung bisa nyaur utange, ora netepi janjine lan barang sing disilih rusak. Nanging sanajan nesu dikaya ngapa becike diampah sabisane. Sebab kurang prayoga yen nesu lan muni-muni ing omahe liyan. Apa maneh yen kaprungu tangga teparo nganti padha metu nonton. Sulayane janji bisa dirembug sing sareh amrih kekarone padha mareme. Sanajan lagi nesu nanging yen mulih tetep pamitan sing apik.
Kapetik Saka Jaya Baya 48/LX, 30 Juli 2006

UJI KOMPETENSI  
a.      Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.      Yen nampa dhayoh utawa tamu, ana tetembungan gupuh, lungguh, lan suguh. Apa tetembungan iku ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
2.      Piye karepe angon wayah nalika mertamu ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
3.      Piye trapsilane wong kang lagi mara dhayoh kuwi ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
4.      Apa sababe nalika mara dhayoh ora kena padu ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
5.      Piye apike yen nalika mara dhayoh, awake dhewe diwenehi pangan karo sing duwe omah ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………
b.      Simpulna ciri-cirine wacana argumentasi! Garapen ing papan ngisor iki!

Ciri-cirine wacana argumentasi yaiku ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………


c.       Sawise kowe ngreti lan mahami wewatone wacana argumentasi, gawea wacana argumentasi kang surasane babagan kabudayan! Kowe bisa teka langsung marang objek kang bakal koktulis, utawa bisa lumantar sumber kang tau kokrungokake! Garapen ing papan ngisor iki!

Wacana argumentasi
……………………… (Irah-irahan)

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


d.      Dhatanen topik-topik kang bisa kodadekake wacana argumentasi!
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………

e.       Simpulna ciri-ciri wacana argumentasi ing ndhuwur kanthi mbandhingake karo sadhengah wacana argumentasi kang kogawe! Garapen ing papan ngisor iki!

Mbandhingake

Wacana Argumentasi

Wacana argumentasi kang kogawe

……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………

f.       Suntingen wacana argumentasi kang ditulis dening kanca-kancamu! Garapen ing papan ngisor iki!

No.

Wacana argumentasi

Suntingan

1.

Gaweyane :

…………………….. (jeneng)

Suntingan :

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………



ULANGAN HARIAN 1

A.    Pilihen a, b, c, d, utawa e, pratelan ngisor iki sing koanggep bener!
1.      Ana ing pidhatone owah gingsire budaya Jawa, kawiwitan ….…
a.       atur pakurmatan marang pangembating praja, satriyane negara
b.      atur pakurmatan marang para tamu undhangan
c.       atur urut-urutane adicara owah gingsire budaya Jawa
d.      atur pambiwara supaya para rawuh lenggah
e.       atur pawarta owah gingsire budaya
2.      Sing pidhato ngajak ngaturake pepuji sukur marang Gusti Allah, jalaran...…
a.       sing pidhato lagi antuk berkah lan rahmat saka Gusti Allah
b.      sing padha rawuh dipercaya maringi berkah marang sing pidhato
c.       wis dadi aturan yen mbukak adicara kudu ngaturake puji sukur
d.      kabeh sing padha ngrawuhi pinaringan kabagaswarasan
e.       kabeh sing padha ngrawuhi pinaringan rejeki kang agung
3.      Sing pidhato ngaturake pepuji marang Gusti Allah, supaya wiwit ..…. tansah pinaringan rahyu ora ana alangan.
a.       purwa nganti madya                     d. madya nganti purwa
b.      madya nganti wasana                    e.  wasana nganti purwa
c.       purwa nganti wasana
4.      Kanthi andharane sing pidhato nduweni panyuwun marang para mudha bisa nampa lan saeruse bisa….
a.       nyigeg budaya Jawa                      d. melu mikir budaya Jawa
b.      nyirnakake budaya Jawa               e.  ngleluri budaya Jawa
c.       mungkasi budaya Jawa
5.      Owah gingsir kang gumelar ing jagad iki sing dikarepake tamtu sing bisa agawe ……
a.       kabecikane bebrayan                     d.  sungkawane bebrayan 
b.      congkrahing bebrayan                   e.  sugihe bebrayan
c.       elinge bebrayan
6.      Owah-owahan kang sipate alus lan tumata sinebut ……
a.       revolusi                              d. persuasi
b.      evolusi                               e. preventif
c.       kolusi
7.      Nyangking ember kiwa tengen
Lungguh jejer tamba kangen
Unen-unen iku kalebu …….
a.       wangsalan                                     d. parikan
b.      paribasan                           e.  pepindhan
c.       bebasan
8.      Tujuwane dianakake sarasehan yaiku …
a.       kepengin ngatonake pintere para pakar                 d. kanggo golek senenging ati
b.      kepengin dadi wong sing misuwur                       e. kanggo ngundhakake mblanjane
c.       kanggo nggayuh larasing panemu
9.      Ana babagan sing kudu digatekake menawa melu seminar, kaya ing ngisor iki kajaba …….
a.       Ketrampilan ngetrapake basa supaya pamireng bisa ngerteni.
b.      Mangerteni  kekarepane para peserta siji lan sijine.
c.       Mangerteni informasi kang dipraktekake nara sumber.
d.      Menehi informasi kang diandharake nara sumber.
e.       Aja nglalekake tata krama basa, unggah-ungguh lan subasita
10.  Sing mbiyantu kabeh kelakone seminar nganti pungkasane amrih bisa kelakon kanthi sukses lancar diarani…....
a.       panglaras                           d. pambyawara
b.      panulis                               e. anggota
c.       pamicara
11.  Ramalan kang nyebutake: kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange lan wong Jawa ilang Jawane iku kasebut ana ramalan……..
a.       Brawijaya                          d. Jayabaya
b.      Jawa kuna                         e. Jaka lelana
c.       Anglingdarma
12.  Sing ngrubah taun Jawa asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah, yaiku tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka nalika jaman raja Mataram…….
a.       Panembahan Senopati                               d. Pangeran Diponegara
b.      Sultan Seda Krapyak                                e. Pangeran Mangkubumi
c.       Sultan Agung Hanyakra Kusuma
13.  Mangan uyah neng mbenggangan
…………………………………..
a.       Timbang susah tetembangan                     d. Tuwah sayah ora ngrempah
b.      Aja susah yen ora kasil                              e. Mangan uyah ora mapan
c.       Aja gela yen pepungkuran
14.  Manuk blekok ngidak pari
…………………………………..
a.       Bocah wedok kok kemayu                       d. Bocah enom ngati-ati
b.      Bocah wedok kudu kasil                          e. Bocah wedok ngati-ati
c.       Wong wis tuwa ngati-ati
15.   Ing ngisor iki minangka dasanamane gunung, kajaba……
a.       arga                                   d. prabata
b.      baskara                              e. giri
c.       ancala
16.  Yen wisma iku tegese omah, nanging yen kisma iku tegese…….
a.       susah                                 d. lemah
b.      sawah                                e. gunung
c.       tegalan
17.  Tumrape wong Jawa tumrape jeneng lan jenang iku sayekti……..
a.       ana sesambungan              d. ora perlu digatekake
b.      ora ana sesambungane       e. ora perlu digatekake
c.       becik ditinggalake
18.  Jeneng sing bisa nekakake jenang iku ora ateges wantah pinangka sesebutane wong, nanging jeneng sing ateges kaya ing ngisor iki, kajaba …….
a.       nduweni kaluwihan tinimbang wong liyane
b.      nduweni prestasi sing manjila
c.       nduweni jeneng apik ing bebrayan
d.      nduweni kalungguhan/papan pakaryan kang dhuwur
e.       nduweni jeneng kang sarwa mbebangeri
19.  Filosofi jenang bakal nekani jeneng. Dene jenang iku bisa ngemu teges kaya ing ngisor iki, kajaba……..
a.       materi                                            d. kehartaan
b.      bandha                                          e. kasusilan
c.       jurungan swara saka warga
20.  Unen-unen  kang ajeg panganggone, mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan, diarani…….
a.       bebasan                             d. parikan
b.      paribasan                           e. wangsalan
c.       saloka
21.  Wong ala sanadyan wis mareni, meksa isih ketara tapete kang ala mau. Ukara iku salokane……..
a.       Durjana mati raga                          d.Klenthing wadah asin
b.      Jati ketlusupan ruyung                  e. Lahan karoban manis
c.       Jaran kuruban empyak
22.  Ndandani barang kang wis rusak banget. Ukara iku bebasane……..
a.       materi                                            d. kehartaan
b.      bandha                                          e. kasusilan
c.       jurungan swara saka warga
23.   Wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan tumindak jumbuh dikarepake penulis/sing ngomong. Diarani wacana……..
a.       persuasi                             d. eksposisi
b.      argumentasi                       e. konstruktif
c.       deskripsi               
24.  Cak-cakane nulis wacana argumentasi kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba……..
a.       ngembangake judul                                   d. Nyusun cengkorongan/kerangka
b.      Milih topik/bakune rembug                       e. ngembangake cengkorongan
c.       Nemtokake tujuwan
25.  Wong nampa tamu kang becik iku aja nganti nglirwakake ……..
a.       rejeki sing lagi teka                                   d. gupuh, lungguh lan suguh
b.      pitutur saka wong tuwa                            e. kwajiban kang pinarcaya
c.       anggone mamerake bandha donya
26.  Mertamu iku kudu angon wanci, kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba……….
a.       aja wancine wong ngaso lan turu              d. aja wancine wong sholat maghrib
b.      aja wancine womg mangan sarapan          e. aja wancine wong mangan bengi
c.       aja wancine wong ngetung bebathin
27.  Mertamu sacukupe wae nganti kesuwen mundhak sing ditamoni………
a.       seneng atine                      d. menehi suguhan
b.      nglantur omongane           e. jeleh lan kesel nemoni
c.       mamerake donyane
28.  Ing ngisor iki minangka dasanamane srengenge, kajaba………
a.       rawi           b. sudama        c. bagaspati     d. surya           e. bagaskara
29.  Yen nulis Jawa, “damel kliping malih”, sing bener…….
a.       f[mlkLipi=m[lh        d. fmel\kLipi=mlih
b.      d[mlkLipi=m[lh        e. fmelkLipi=mlih
c.       dmel\kLipi=m[lh
30.   Yen nulis Jawa, “babone dipangan luwak”, sing bener…….
a.       b[bo[nfipzniluwk\ d. bb[nNfipznÓ|wk\
b.      b[bo[nNfipznÓ|wk\        e. b[bonNefipznÓwk\
c.       b[b[nfipznÓ|wk\
B.     Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis!
1.      Apa sababe yen owah-owahan sarwa cepet sinebat revolusi agawe kageting bebrayan ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………….. 
2.      Yen gunggunge pembicara ing sarasehan luwih saka siji iku prayogane kepiye ?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
3.      Gawea parikan loro wae !
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
4.      Apa sababe kapilihe basa Melayu dadi basa Indonesia rasane pancen pas banget ?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
5.      Apa sababe yen sinau basa Jawa, wis mesthi budi pekerti kejawen uga melu disinau ?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
6.      Apa tegese tembung nunggal misah iku? Wenehana tuladha!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
7.      Apa pamrihe yen golek jeneng kuwi kudu liwat dalan kang becik?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
8.      Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis argumentasi mbudidaya apa?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
9.      Paribasan ing ngisor iki terangna tegese!
a.       Sedumuk bathuk senyari bumi
b.      Welas temahan lalis
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..
10.  Apa tegese maradhayoh iku kudu angon wayah?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………..